Jumat, 22 Februari 2008

KAMANUNGSAN LAN KADONYAN

  • Sekabehe makhluk ana ing donya diciptaake ora ana kang sampurna. Apa maneh kang ajeneng manungsa. Kelakuan lan budi manungsa ngaluwihi kewan. Bab iku pancen wis mawujud mengkono.

  • Apa kang aran pangkat, derajad kamanungsan iku wis dhuwur titahe. Ananging kenopo isih padha ngributake kadunyan. Wong urip iku, diumpamake among mampir ngombe. Mulo saka kuwi, kenapa ora padha anggolek sangu kanggo nyambut patine ajal.

  • Diumpamaake ing tlatah nuswantara wae, manungsa wis padha lali marang makna utawa pangejawantahane adat katimuran. Kadeleng saka bab kabudayan, sosial, politik, hukum lan sapanunggalane.

Manungsa lali donyane,

Wong Jawa lali Jawane,

Nerak paugeran kang sakmesthine,

Marang apa kang dadi garise;

Kasekten digol – golke,

Akeh omong ora ana nyatane,

Ora ngelingi tembe mburine,

Sing gawe urip ora tau sare,

Rebutan bandha, rebutan donya,

Nganti lali nguri – uri budaya,

Kemrungsung ora soyo tata,

Lali lila, lali legawa.




Tidak ada komentar: